Sabtu, 02 Januari 2010

KUNCI SUKSES PERGAULAN

 
“MUTIARA KATA”
KIAT SUKSES DALAM PERGAULAN DAN BERMASYARAKAT


Kaidah 1
Ora ånå wóng kang ingaranan uríp, kêjabanê kang mikír sartå trêsnå marang wóng kang ringkíh lan nandhang påpå cintråkå.
Biså mèlu ngrasakakê kasusahanê sartå lårå lapanê wóng liyå.
Kanthi pangråså kang mangkono mau atêgês biså nggadhúh kêkuwatan kang tanpå watês, pêrlu kanggo mitulungi sapådhå-pådhå kang kahananê luwíh nrênyúhakê katimbang dhiri pribadinê. “Pakarti mono darbèk kita dhêwê, nanging wóhê pakarti mau dadi kagunganê Kang Gawê Urip”, mangkono sabdanê sawijinê Pujånggå kalokå.

SABDA PUJANGGA
(Tiada orang disebut hidup, kecuali yang peduli serta belas kasih kepada sesama yang tak berdaya dan menderita. Dapat merasakan penderitaan serta kesengsaraan orang lain. Dengan dimilikinya rasa seperti itu, berarti mampu memelihara kekuatan yang tiada batasnya, diperlukan untuk menolong sesama yang keadaannya lebih mengenaskan ketimbang diri pribadinya. Perbuatan adalah milik kita sendiri, namun buah dari perbuatan kita menjadi milik Tuhan. Begitulah sabdanya salah satu Pujangga terkenal.)

Kaidah 2
Wóng kang baút mawas dhiri iku wóng kang biså manjíng ajúr ajèr, ngêrti êmpan papan laras karo rèh swasånå sakupêngê tanpå ninggalakê subåsitå.
Paribasanê wóng kang baút ngadisarirå, åjå múng kalimpút êdiníng busånå baê, nangíng bisowå tansah mêrsudi marang padhangíng sêmu lan manisíng wicårå tanpå nglírwakakê marang alús lan luwêsíng solah båwå. 

ESENSI MAWAS DIRI
(Orang yang pandai membawa diri itu orang yang bisa menyatu, melebur, dan meleleh, memahami situasi dan kondisi, selaras dengan suasana disekelilingnya tanpa meninggalkan sopan santun. Peribahasanya orang yang pandai mempercantik diri, jangan hanya terfokus dengan keindahan pakaian saja. Namun dapatlah selalu berusaha bermuka ramah dan tutur kata manis tanpa meninggalkan perilaku yang lembut dan pantas)

Kaidah 3
Kêcandhakíng sawijiníng idham-idhaman iku ora cukúp múng dibandang móncèr lan pêpakíng ilmu lan kawrúh baê.
Nangíng ånå syarat siji kang ora kênå kalirwakakê, yaiku kapintêran ing bab sêsrawungan.
Såpå kang bisa tumindak ajúr-ajèr lan biså nuwúhakê råså rêsèp marang liyan, prasasat wis êntúk pawitan kanggo nandangi sakèhíng pagawêyan åpådênê nggayúh idham-idhamanê.

TIDAK HARUS HARTA
(Tercapainya suatu cita-cita tidak cukup hanya bermodalkan kemewahan dan lengkapnya ilmu dan pengetahuan saja. Namun  ada satu syarat yang tak boleh ditinggalkan yakni kepandaian dalam bergaul. Siapa yang bisa beradaptasi dan dapat menumbuhkan rasa tenteram kepada orang lain, sebenarnya sudah mendapat modal untuk melaksanakan banyak pekerjaan dan menggapai cita-citanya)

Kaidah 4
Nindakakê kabêcikan mono ora mêsthi kudu cucúl wragad, nanging biså ditindakakê sarånå pakarti-pakarti liyanê sing sêjatinê akèh bangêt caranê.
Saugêr biså gawê sênênging liyan, upamanê baê måwå ulat sumèh tangkêp srawúng kang sumanak, bisa manjíng ajúr-ajèr ing madyaníng bêbrayan, lan biså dadi patuladhan laku utåmå.
Kabèh mau klêbu êwóníng tindak kabêcikan kang ajinê nglêluwihi wragad dêdånå kang diwènèhakê utåwå dipotangakê, apamanèh lamún anggónê mènèhi utåwå ngutangi iku sinamudånå kêbak pamríh. 

LEBIH BERHARGA DARIPADA EMAS PERHIASAN
(Melakukan kebaikan tidak harus mengeluarkan beaya, namun dapat dilakukan dengan perbuatan-perbuatan lain yang sebenarnya banyak sekali caranya. Asal bisa membuat senang dan tenteram orang lain, umpama saja dengan bermuka ramah serta bergaul dengan hangat, bisa beradaptasi di tengah pergaulan, dan dapat menjadi percontohan  perilaku yang utama. Semua itu termasuk berbuat kebaikan yang nilainya melebihi sedekah harta yang diberikan ataupun yang dipinjamkan, apalagi disertai dengan pamrih)

Kaidah 5
Yèn kowê arêp rêmbugan, pikirên luwih dhisík têtêmbungan síng arêp kók wêtókakê. Åpå wís ngênggoni têlúng prêkårå : bênêr, manís, migunani.
Êwå sêmono síng bênêr iku isih pêrlu dithinthingi manèh yèn gawê gêndranê liyan prayogå wurúngnå.
Dênê têmbúng manís mono ora duwê pamríh, pamrihê biså gawê sênêngê liyan kang tundhónê migunani tumrapê jagadíng bêbrayan.

BICARALAH YANG BENAR, MANIS, BERMANFAAT
(Bila kamu akan berembug, pikirkan terlebih dulu kata-kata dan kalimat yang akan kamu ucapkan. Apakah sudah memperhatikan 3 kaidah penting; benar, manis, bermanfaat. Walau begitu, yang benar itu masih perlu ditimbang lagi, jika mengakibatkan masalah untuk orang lain lebih baik urungkan. Lain halnya dengan tutur kata manis, tidak punya pamrih, pamrihnya hanya dapat membuat bahagia orang lain, akhirnya bermanfaat untuk kehidupan bersama)

Kaidah 6
Sugíh ómóng kanggo nggayêngakê pasamuwan pancèn apík.
Nangíng ngómóng múng golèk suwurê awakê dhêwê sók kêtrucút miyak wêwadinê dhêwê.
Pirå baê cacahê wóng kang kêplèsèt uripê múng margå sukå anggónê sugíh ómóng.
Mulå sabêcik-bêcikê wóng iku ora kåyå wóng kang mênêng.
Nangíng mênêngê wóng kang darbê bóbót kang antêb síng biså dadi panjujuganê pårå pawóngan kang mbutúhakê rêmbúg lan pitudúh. 

TIDAK SETIAP DIAM ITU EMAS
(Banyak bicara untuk menghidupkan suasana pertemuan memang baik, namun bicara hanya untuk mencari perhatian dan simpati pada diri sendiri, akan sering lepas kontrol dan membuka aib diri sendiri. Sudah seberapapun orang terpeleset hidupnya hanya gara-gara gemar membual. Maka sebaik-baiknya orang itu bukan seperti orang yang diam, namun diamnya orang yang memiliki bobot yang dapat menjadi tempat yang tepat bagi orang yang membutuhkan nasehat dan petunjuk)

Kaidah 7
Ing jagadíng sêsrawungan mono nyirík marang sêsipatan kang gumêdhê lan wêwatakan kang tansah ngêgúngakê dhiri.
Sipat lan wêwatakan mau adhakanê banjúr nuwúhakê råså ora lilå yèn nyipati ånå liyan síng luwíh katimbang dhèwèkê.
Mulå saibå bêcikê samångså såpå kang rumangsa pintêr dhêwê, sugíh dhêwê, lan kuwåså dhêwê iku gêlêma nglaras dhiri lan nglêrêmakê cíptanê kang wêning, yèn sêjatinê isíh ånå manèh kang Måhå Pintêr, Måhå Sugih, lan Måhå Luhúr.
Klawan mangkono råså pangråså dumèh lan takabúr kang dadi sandhungan pasrawungan biså sumingkír.  

MERASA DIRI PALING ADALAH PINTU KEHANCURAN
(Dalam dunia pergaulan seyogyanya menghindari sifat sombong dan watak yang selalu membesar-besarkan diri sendiri. Sifat dan watak tersebut biasanya menimbulkan perasaan tidak rela jika menemukan orang lain yang lebih dari dirinya. Maka alangkah baiknya bilamana siapapun yang merasa paling pinter, paling kaya, dan paling berkuasa hendaklah mengendapkan hati, mengheningkan cipta, bahwa sebenarnya masih ada lagi yang Maha Pandai, Yang Maha Kaya, Yang Maha Tinggi. Dengan begitu sikap  mentang-mentang  dan takabur yang menjadi batu sandungan dalam pergaulan akan menyingkir).

Kaidah 8
Luwih bêcík makarti tanpå sabåwå kang anjóg marang karahayóníng bêbrayan, katimbang tumindakê wóng kang rêkanê nindakakê panggawê luhúr nangíng disambi udúr.
Yêktinê tåtå têntrêm iku ora bakal biså kagayúh yèn tå ora adhêdhasar kêrukunan, dênê kêrukunan iku múng biså kêcandhak yèn siji lan sijinê pådhå biså aji-ingajènan lan móng-kinêmóng.

KASIH SAYANG ADALAH KUNCI KESUKSESAN
(Lebih baik bekerja tanpa perilaku yang dapat merusak keharmonisan pergaulan, daripada tindakan orang yang maksudnya melaksanakan perbuatan mulia tetapi sambil bertengkar. Sebenarnya ketentraman itu tidak akan terwujud bila tanpa didasari kerukunan, sedangkan kerukunan itu hanya bisa diciptakan jika satu sama lain saling hormat menghormati dan asih-mengasihi).

Kaidah 9 
Yèn atimu wis gilíg arêp gawé kabêcikan kanggo karaharjaníng bêbrayan, bêratên råså uwas marang pandakwå ålå kang ora nyåtå. Srananånå kanthi jêmbaríng dhådhå lan sabaríng nålå, amríh bisa nuwúhaké gêdhéníng prabåwå lan cabaríng sakèhíng piålå.

MENGATASI TUDUHAN BURUK
(Bila hatimu sudah bertekat bulat akan berbuat kebaikan untuk kesejahteraan dalam kehidupan bermasyarakat, jangan hiraukan kekhawatiran akan tuduhan buruk yang tidak benar. Landasilah dirimu dengan dada yang lapang, hati yang sabar, supaya dapat menumbuhkan besarnya wibawa dan sirnanya semua keburukan)

Kaidah 10
Wicårå kang wêtuné kanthi tinåtå runtút kang awujúd sêsulúh kang amót piwulang bêcík, ajiné pancèn ngungkuli mas picís råjåbrånå, biså nggugah budi lan nguripaké pikír. Nangíng kawuningånå yèn grêngsênging pikír lan uripíng jiwå iku ora biså yèn múng kagugah sarånå wicårå baé.
Kang wigati yaiku wicårå kang måwå tandang minångkå tulådhå.
Jêr tulådhå mono síng biså nuwúhaké kapitayan.
Luwíh-luwíh mungguhíng pårå manggalaníng pråjå kang wís pinracåyå ngêmbani nuså lan bångså. 

NASEHAT TERBAIK ADALAH PERBUATAN
(Tutur kata yang keluar secara tertata runtut yang berupa nasehat tentang ajaran yang baik, nilainya memang melebihi emas perhiasan, dapat menggugah budipekerti dan menghidupkan fikiran. Tapi perhatikanlah, bahwa semangat berfikir dan hidupnya jiwa itu tidak dapat hanya sekedar dibangun melalui tutur kata saja. Yang lebih penting yakni tutur kata yang dibarengi perbuatan sebagai suri tauladan)

Kaidah 11
Luwíh bêcík ngasóraké rågå tinimbangané ngóngasaké kapintêran kang sêjatiné isíh nguciwani bangêt.
Ngóngasaké kapintêran iku satêmêné múng kanggo nutupi kabodhowané, jêr kabèh mau mêrga råså samar lan was sumêlang yèn ta kungkulan déníng sapêpadhané.
Tindak mangkono mau malah dadi sawijiníng godhå kang múng bakal ngrêrêndhêti lakuníng kêmajuwané dhéwé ing jagadíng bêbrayan.

CIRIKHAS ORANG LEMAH GEMAR UNJUK DIRI
(Lebih baik bersikap merendah daripada unjuk kepandaian yang kenyataannya masih mengecewakan sekali. Unjuk kepandaian itu sesungguhnya hanya untuk menutupi kebodohannya, semua itu karena perasaan khawatir dan was-was pabila ada orang lain yang mengunggulinya. Tabiat seperti itu menjadi salah satu godaan yang hanya akan menghambat kemajuannya sendiri dalam pergaulan).

Kaidah 12
Såpå wóngé síng ora sênêng yèn éntúk pangalêmbånå. Nangíng thukulíng pangalêmbånå iku ora gampang.
Kudu disranani kanthi pakarti kang bêcik lan murakabi marang wóng akèh.
Yèn múng disranani båndhå, pangalêmbanané múng kandhêg ing lambé baé ora tumús ing ati.
Déné yèn disranani pênggawé kang lêlamisan, ing pamburiné malah bakal kasingkang-singkang kasingkíraké såkå jagadíng pasrawungan.

MANAJEMEN PUJIAN
(Siapa yang tidak suka jika mendapat pujian. Tetapi tumbuhnya pujian itu tidak mudah. Harus ditempuh melalui perbuatan yang baik dan bermanfaat buat orang banyak. Jika hanya ditempuh dengan harta, pujian hanya sampai di bibir saja tidak menyentuh di hati. Jika ditempuh dengan perbuatan demi pamrih, di belakangnya hari akan tersingkir dan disingkirkan dalam pergaulan).

Kaidah 13
Généyå akèh wóng kang dhêmên nyatur alaníng liyan lan ngalêmbånå awaké dhéwé? Sêbabé ora liya margå wóng-wóng síng kåyå ngono mau ora ngêrti yèn pênggawé mau klêbu pakarti kang ora prayogå, mula prêlu dingêrtèkaké.
Awít yèn ora énggal-énggal nyingkiri pakarti kang ora bêcík mau, wusanané dhèwèké kang bakal diêmóhi déníng pasrawungan.

TABIAT BURUK PALING POPULER
(Kenyataannya banyak orang yang suka mencela orang lain dan memuji diri sendiri ? Sebabnya tidak lain karena orang-orang seperti itu tidak peduli bila perbuatan itu termasuk watak yang tidak terpuji, makanya perlu diperingatkan. Sebab bila tidak segera menghindari watak yang tidak baik itu, berakibat dia sendiri akan dijauhi dalam pergaulan).

Kaidah 14
Nggayúh kaluhuran liré ngupåyå tataraníng uríp kang luwih dhuwúr.
Dhuwúr laír lan batiné, ya tumrap dhiri pribadiné ugå sumrambah kanggo karaharjaníng bêbrayan.
Nangíng yèn kandhêg salah siji, têgêsé gothang.
Yèn múng nêngênaké kaluhuraníng laír gênah múng ngoyak drajat lan sêmat, isíh miyar-miyur gampang kênå pangaribåwå såkå njåbå.
Yèn ngêmúngaké kaluhuraníng batín, cêtha ora nuhóni jêjêríng manungsa, awít ora tumandang ing gawé kanggo kêpêrluwaníng bêbrayan.
Atêgês tanpå gunå diparingi uríp ing alam donya.

PRINSIP KESEIMBANGAN LAHIR-BATIN
(Menggapai keluhuran artinya berupaya meraih tataran hidup yang lebih tinggi. Luhur lahir dan batinnya, bermanfaat untuk diri sendiri juga berguna untuk keharmonisan dalam pergaulan. Namun bila mandeg salah satunya, artinya pincang. Bila hanya mengutamakan keluhuran lahir sama halnya mengejar derajat dan pangkat, mudah goyah (plin-plan) mudah terpengaruh oleh kemewahan dari luar. Bila menyepelekan keluhuran batin saja, jelas tidak mematuhi  hakekatnya sebagai manusia, karena tidak mengindahkan kaidah pergaulan. Berarti tiada guna hidup di dunia).

Kaidah 15
Sing såpå rumangsa nduwèni kaluputan, åjå isín ngowahi kaluputan sing wís kadhúng katindakaké mau.
Jêr ngakóni kaluputan mono wís cêthå dudu tindak kang asór, nangíng malah nuduhaké marang pakarti kang utåmå kang ora gampang linakónan déníng sadhêngah wóng.
Iyå wóng kang wis biså nduwèni watak gêlêm ngakóni kaluputané mangkéné iki pantês sinêbút wóng kang jujúr sartå kasinungan ing budi luhúr.

KEJUJURAN ADALAH ANUGRAH
(Barangsiapa merasa memiliki kesalahan, jangan malu merubah kesalahan yang sudah kadung terjadi. Sedangkan mengakui kesalahan sudah jelas bukan perbuatan hina, namun malah menunjukkan watak yang utama yang tidak mudah dilakukan sementara orang. Orang yang sudah memiliki watak bersedia mengakui kesalahannya adalah pantas disebut orang yang jujur serta mendapat anugrah menjadi orang yang luhur budi pekertinya.

Kaidah 16
Manungså uríp iku dibiså nguwasani kamardikaníng laír lan batín.
Kang dikarêpakê kamardikaníng laír iku wujudê biså nyukupi kabutuhaning uríp ing sabên dinanê såkå wêtuning kringêt lan wóhíng kangèlan dhêwê ora gumantúng ing wóng liyå lan ora dadi sangganíng liyan.
Dênê kamardikaníng batín iku dicakakê sarånå nyingkiri håwå napsu, adóh såkå asór lan nisthaníng pambudi, sêpi ing råså mêlík lan drêngki srèi, sartå tuhu marang paugêran uríp bêbrayan.

SUBSTANSI KEMERDEKAAN
(Manusia itu hidup sebisanya menguasai kemerdekaan lahir dan batin. Kemerdekaan lahir artinya dapat mencukupi kebutuhan hidup sehari-hari hasil dari keringat sendiri, dan hasil dari jerih payah sendiri tidak tergantung pada orang lain, serta tidak menjadi beban bagi pihak lain. Sedangkan kemerdekaan batin adalah dengan cara menyingkirkan hawa nafsu, jauh dari kehinaan dan kenistaan budi pekerti, tiada berpamrih dan iri dengki, serta setia dan patuh kepada kaidah kerukunan hidup).

Kaidah 17
Yèn kêpéngín diajèni liyan, mulå åjå sók dhêmên martak-martakaké, åpå manèh nganti mamèraké kabisan lan kaluwihanmu.
Pangaji-ajiníng liyan iku sêjatiné ora pêrlu mbók buru, bakal têkå dhéwé. Nudúhaké kêwasisan pancèn kudu bisa milíh papan lan êmpan.
Mulå kang prayoga kêpårå purihên åjå kóngsi wóng liyå biså njajagi.
Nangíng mångså kalané ngadhêpi gawé parigawé kêconggah mrantasi.

RAHASIAKAN KEBISAAN
(Apabila ingin dihormati sesama, jangan suka berkoar-koar,  apalagi sampai pamer kebisaan dan kelebihanmu. Penilaian orang lain (padamu) sesungguhnya tidak perlu kamu kejar, karena akan datang dengan sendirinya. Menunjukkan kepandaian memang harus bisa melihat situasi dan kondisi. Maka seyogyanya rahasiakan jangan sampai orang lain dapat menjajagi. Namun pada saatnya menghadapi pekerjaan berhasil menuntaskan).

Kaidah 18
Åjå sók ngluputaké, gêdhéné ngundhat-undhat wóng liyå, samångså kitå ora katêkan åpå kang dadi kêkarêpan kitå.
Bêciké kitå tliti lan kitå golèki sêbab-sêbab ing badan kita dhéwé, amrih kitå biså uwal såkå dayaníng pangirå-irå kang ora prayogå.
Kawruhana, yèn usadané watak apês síng njalari nganti ora katêkan sêdyå kitå iku, ora ånå liya, yå dumunúng ånå ing awak kita dhéwé.

KAMBING HITAM ITU TAK PERNAH ADA
(Jangan suka menyalahkan, bahkan mengungkit-ungkit orang lain, pada saat tidak kesampaian apa yang menjadi kehendak kita. lebih baik kita teliti dan carilah apa yang salah dengan diri kita, supaya kita bisa lepas dari pengaruh prasangka buruk. Ketahuilah, bahwa kelemahan dan kekurangan yang menyebabkan kegagalan harapan kita itu tidak lain berada pada diri kita sendiri)

Kaidah 19
Arang wóng síng bisa mapanaké råså narima marang åpå baé kang wís klakón digayúh. Yèn rumangsa kurang isíh golèk wuwúh, yèn wís olèh banjúr golèk luwíh, yèn wís luwíh tumuli mbudidåyå åjå ånå wóng síng biså madhani.
Wóng kang duwé råså mangkono mau satêmêné mêmêlas.
Uripé tansah ngångså-ångså, ora naté sumèlèh atiné.
Kanggo nuruti råså kang klèru kasêbút sók-sók banjúr tumindak ora samêsthiné lan nalisír såkå pakarti kang bênêr. 

PENDERITAAN SEPANJANG MASA
(Jarang ada orang yang merasa puas pada apa yang sudah dapat berhasil dicapai. Bila merasa kurang masih akan menambah, jika telah mendapatkan lantas mencari lebihnya, bila sudah berlebih lantas berupaya agar jangan ada orang lain yang bisa menyamai. Orang yang bertabiat demikian sesungguhnya sangat kasihan. Hidup selalu memaksakan diri, hatinya tidak pernah tenteram. Untuk menuruti watak yang buruk itu kadangkala bertindak tidak semestinya dan meleset dari watak yang benar)

Kaidah 20
Watak narimå mono yêkti dadi sihíng Pangéran, nangíng yèntå nganti klèru ing panyuråså biså nuwúhaké klèruníng tumindak.
Narimå, liré ora ngångså-ångså nangíng ora kurang wêwékå lan tansah mbudidåyå amríh katêkaning sêdyå, dudu atêgês kêbacút lumúh ing gawé, suthík ihtiyar.
Awít yèn mangkono ora jênêng narimå, nagíng kêsèt. Jêr watakíng wóng kêsèt iku múng gêlêm énaké êmóh rêkasané, gêlêm ngêmplók suthík tómbók, satêmah dadi wóng ora wêrúh ing wirang, siningkiraké såkå jagadíng bêbrayan. 

SIKAP MENERIMA BUKANLAH MALAS
(Watak menerima tentu menjadi kekasih Tuhan, namun apabila sampai keliru memahaminya bisa menimbulkan kesalahan dalam bertindak. Menerima, artinya tidak melebihi batas kemampuan tetapi tidak kurang akal dan selalu memberdayakan diri  supaya tercapailah cita-cita. Menerima bukan dimaksudkan sebagai tidak mau kerja dan enggan berusaha. Karena yang seperti ini bukanlah arti menerima, melainkan malas. Wataknya pemalas itu hanya mau enaknya saja, tidak mau jerih payahnya, bersedia makan tidak mau modal, sepantasnya lah menjadi orang yang tidak tahu malu, disingkirakn dalam pergaulan).

Kaidah 21
Wóng uríp ing alam bêbrayan iku yêkti angèl, kudu biså ngêrèh pakóné “si aku”, åjå nggugu karêpé dhéwé lan nuruti håwå napsu.
Luwíh-luwíh ing dinå samêngko, alam bêbrayan donyå tansah kêbak pradhóndhi, silíh ungkíh, rêbutan bênêré dhéwé-dhéwé.
Mulå síng baku, wóng uríp kudu biså miyak alíng-alíng kang nutupi pikiran kang wêníng. Liré, sênajanå sajroníng pasulayan, kudu bisa nyandhêt kêmrungsung “si aku” istingarah sakèhíng bédané panêmu biså disawijèkaké. 

KE-AKU-AN MENJADI SUMBER KONFLIK
(Hidup dalam kerukunan masyarakat itu memang sulit, harus bisa meredam ke-aku-an, jangan semaunya sendiri dan menuruti hawa nafsu. Terlebih lagi di kelak kemudian hari, dunia pergaulan internasional penuh persoalan, perselisihan silih berganti, berebut benarnya sendiri. Yang paling penting dalam menjalani hidup harus bisa membuka penghalang yang menutup kesadaran fikir. Maksudnya, walaupun dalam perselisihan, harus bisa menahan gejolak ke-aku-an, berikhtiyar agar perbedaan pendapat bisa disatukan).

Kaidah 22
Wóng kang nduwèni watak tansah njalúk bênêré dhéwé iku adaté banjúr kathukulan bêndånå sênêng nênacad lan ngluputaké marang panêmu sartå tindak tanduké wóng liyå. Méndah bêciké yèn wóng síng kåyå mangkono mau kålå-kålå gêlêm nggraitå ing njêro batiné : “mbók mênåwå aku síng klèru, mulå cobå dak tlitiné klawan adíl såpå kang sêjatiné nyåtå-nyåtå bênêr”.

CIRIKHAS INGIN MENANGNYA SENDIRI
(Orang yang mempunyai watak selalu ingin mencari menangnya sendiri itu, tumbuh kebiasaannya buruk senang mencela dan menyalahkan pendapat serta tindak tanduk orang lain. Sangatlah bagus bilamana orang seperti itu kadangkala bersedia mencermati dalam batinnya; jangan-jangan aku yang keliru, maka coba aku teliti secara adil siapa yang sesungguhnya jelas-jelas benar)

Kaidah 23
Rêsêpíng omah iku ora dumunúng ing barang-barang méwah kang larang rêgané, nangíng gumantúng marang panataníng prabót kang prasåjå, sartå pêmasangé rêrênggan kang adóh såkå watak pamèr.
Sêmono ugå rêsêpíng salirå iku ora margå såkå pacakan kang èdi-pèni, nangíng gumantúng ing sandhang pênganggo kang prasåjå, trapsilå solah båwå, lan padhanging polatan. 

KUNCI DARI KEINDAHAN
(Keindahan rumah itu bukan terletak pada barang-barang mewah yang mahal harganya, namun tergantung pada penataan perabot yang tidak norak, serta pemasangan hiasan yang jauh terkesan pamer. Begitu pula keindahan diri pribadi itu bukan karena berasal dari tata rias yang indah dan cantik, tapi tergantung pada pakaian yang tidak berlebihan, perilaku yang sopan berwibawa, dan raut wajah yang bersinar)

Kaidah 24
Yèn kowé kêpênêr lagi srêngên lan nêsu, prayogané wóng síng kók nêsóni lan kók srêngêni mau kóngkónên énggal sumingkír.
Utåwå kowé dhéwé sumingkirå sauntårå, aja têtêmónan karo wóng liya.
Sabanjuré mênêngå lan étúng-étúngå kanthi sarèh wiwít siji têkan sêpulúh.
Klawan mêngkono atimu bakal bisa nimbang-nimbang åpå nêsu lan srêngênmu marang wóng mau bênêr, åpå malah dudu kowé dhéwé síng lupút.

KIAT MEREDAM AMARAH
(Bila kamu kebetulan sedang emosi dan marah, seyogyanya orang yang kamu marahi tadi suruhlah segera menyingkir. Atau kamu sendiri menyingkirlah sementara, (sementara) jangan bertemu dengan orang lain. Setelah itu diamlah dan hitunglah dengan tenang mulai dari satu sampai sepuluh. Dengan cara begitu hatimu bakal bisa menimbang apakah kemarahanmu pada orang tadi benar, apa bukan kamu sendiri lah yang salah ?)

Kaidah 25
Jênêng tanpå gunå uripíng manungså kang nganti ora biså nyumurupi marang kang kêdadéyan ing sakiwå têngêné.
Ora biså asúng lêlimbangan lan pamrayogå sakadharé kanggo karahayóníng bêbrayan.
Rupak pandêlêngé ora ånå liyå kang disumurupi kajåbå uripé dhéwé.
Mati pangrasané, jalaran ora kulina kanggo ngrasak-ngrasakaké kang katón ing sabên dinané, wusana dadi cêthèk budiné, jalaran såkå kalêpyan marang têpå palupi kang maédahi ing uripé.

TRAGEDI KEMATIAN PERASAAN
(Adalah hidup tiada guna bagi orang yang tidak mengetahui  apa yang terjadi di sekitarnya. Tidak bisa memberikan imbal balik dan manfaat ala kadarnya untuk keharmonisan pergaulan. Mati perasaannya, disebabkan tidak terbiasa merasakan apa yang terjadi dalam sehari-harinya, sehingga membuat dangkal budi pekertinya, karena lalai akan rasa kepedulian yang berguna dalam hidupnya).

Kaidah 26
Åjå sók nyênyamah luputíng liyan, luwíh bêcík tudúhnå kaluputané kang malah biså ngrumakêtaké råså pasêduluran.
Éwå sêmono åjå nganti kowé kêsusu mbêcíkaké kêlakuwané liyan, yèn awakmu dhéwé rumångså durúng biså ngênggóni råså sabar lan têpa sêlirå.
Såpå kang wís ngêrti lan ngrumangsani marang sakèhíng dosané, iku sawijiníng wóng kang wís ngêrti marang jêjêríng kamanungsané, manungsa kang utåmå.  

BAGAIMANA MENYIKAPI ORANG YANG DIANGGAP SALAH
(Jangan sering memojokan orang lain yang salah, lebih baik tunjukkan kesalahannya sehingga justru bisa mengakrabkan rasa persaudaraan. Walau begitu jangan sampai kamu terburu-buru membenarkan perbuatan orang lain, bilamana kamu sendiri merasa belum mampu mersikap sabar dan peduli sesama. Siapa yang sudah memahami dan menyadari semua dosanya, itulah orang yang sudah mengerti akan hakekat   manusia, manusia yang utama).

Kaidah 27
Ajiníng manungså iku kapúrbå ing pakartiné dhéwé, ora kagåwå såkå katurunan, kapintêran, lan kasugihané.
Nangíng gumantúng såkå ênggóné nanjakaké kapintêran lan kasugihané, sartå matrapaké wêwatêkané kanggo kêpêrluan bêbrayan.
Kabèh mau yèn múng katanjakaké kanggo kapêrluwané dhéwé, tanpå paédah.
Nangíng yèn pakarti mau kadayan déníng råså pêpinginan golèk suwúr, golèk pangkat lan donya brånå, malah bisa dadi mêmalaníng bêbrayan, jalaran nyinamudana sarånå nylamúr migunakaké jênêngé wóng akèh.

OBYEKTIFITAS HARGA DIRI
(Harga diri manusia itu terbentuk oleh karena wataknya sendiri, bukan dibawa dari keturunan, kepandaian, dan kekayaannya. Namun tergantung dari cara menggunakan kepandaian dan kekayaannya, serta penerapan perwatakannya untuk pergaulan (tali persaudaraan. Semua itu bila hanya digunakan untuk keperluan pribadi saja, tiada bermanfaat. Tetapi bila watak tadi terdorong oleh keinginan mencari ketenaran, mencari pangkat dan kemewahan duniawi, justru dapat menjadi malapetaka dalam tali persaudaraan, karena mencari-cari kesempatan dengan cara menyamar mencatut nama orang banyak).

Kaidah 28
Ora ånå budi kang luwíh luhur saliyané nduwèni råså asíh marang nuså lan bangsané.
Kadunungan råså rumangsa nduwèni sêsanggêman lan kuwajiban mranåtå têntrêmíng pråjå kanthi pawitan kapintêran kang dilandhêsi kawicaksananing pambudi.
Tåndhå yêktiné yèn asíh, yaiku tansah samaptå tumandang sawayah-wayah yèn ånå parigawé kang wigati kanggo wargå sapådhå-pådhå, munggahé tansah samaptå lêladi kanggo kêslamêtaníng bêbrayan lan karaharjaníng nagårå.

KEMULIAAN PALING TINGGI
(Tiada budipekerti yang lebih mulia selain mencintai nusa dan bangsanya sendiri. Karena tumbuhnya kesadaran akan kewajiban menata ketentraman negara dengan modal kepandaian yang didasari kebijaksanaan budipekerti. Pertanda kesungguhan cintanya yakni selalu siap siaga sewaktu-waktu bilamana ada tugas yang sangat penting untuk sesama warga, hingga selalu siap siaga menjaga keselamatan persaudaraan dan kesejahteraan negara)

Kaidah 29
Wóng kang kêrêp tansah dipituturi wóng liya iku adaté bisa dadi wóng dhêmên ngati-ati, nangíng mênåwå kapêngkók ing pêrlu sók ora bisa tumindak lan ngrampungi dhéwé.
Kêpêkså isíh kudu nolèh wóng liya síng diwawas bisa awèh pitudúh.
Mulå kuwi prayogå ngawulåå marang ati lan kêkuwatanmu dhéwé, jalaran wóng liyå iku sêjatiné yèn ånå apa-apané múng sadêrmå nyawang, ora mèlu ngrasakaké. 

TEMPAT MENGABDI PALING IDEAL
(Orang yang sering mendapat nasehat dari orang lain biasanya dapat menjadi orang yang suka berhati-hati, namun apabila terbentur suatu tanggungjawab justru tidak bisa bertindak dan menuntaskannya sendiri. Terpaksa masih harus menoleh-noleh orang lain yang dianggap dapat memberi petunjuk. Maka dari itu seyogyanya mengabdilah pada nurani dan kekuatanmu sendiri, sebab orang lain itu sesungguhnya bila terjadi apa-apa hanya bisa melihat saja)

Kaidah 30
Wóng kang rumångså dhiriné linuwíh, ing sawijiníng wêktu mêsthi bakal kasurúng atiné arêp mamèraké kaluwihané, liré amríh dimangêrtènånå déníng wóng akèh yèn dhèwèké mono wóng kang pinunjúl lan supåyå diajènånå.
Sumurupå, sakabèhíng kaluwihan mau yèn ora dicakaké måwå lêlabuhan kang murakabi marang bêbrayan, tanpå gunå kêpårå malah ora kajèn lan gawé pitunå.
Mula kang prayogå biså tulús dadi wóng kang linuwih mênåwå gêbyaríng kaluwihan iku múng dikatónaké marang batiné dhéwé, iku wís cukup.

KEPADA SIAPA BERPAMER KELEBIHAN
(Orang yang merasa dirinya lebih dari yang lain, pada suatu waktu hatinya akan terdorong memamerkan kelebihannya, supaya diketahui orang banyak bahwa dirinya mempunyai kelebihan dan supaya dihormati. Ketahuilah, semua kelebihan tadi bila tidak digunakan dengan pengorbanan yang bermanfaat untuk rasa persaudaraan, maka kelebihannya tiada berguna, bisa jadi justru membuat tidak dihormati dan mengakibatkan kesengsaraan. Maka idealnya jadikan buah ketulusan, walau betapapun hebat kelebihan itu hanya diperlihatkan kepada batinnya sendiri, itu sudah cukup)

Kaidah 31
Dêdånå utåwå sêdhêkah marang wóng kang lagi nyandhang påpå cintråkå iku sawijiníng pênggawé bêcík kang patút tinulådhå, saugêr pawèwèh mau ora kinanthènan panggrundêl kang nêlakaké ora éklasíng atiné.
Têtêmbungan kang lêmbah ing manah lan mêrak ati iku luwih gêdhé ajiné katimbang dêdånå kang ora éklas.
Suprandéné nulúng lan mènèhi pêpadhang marang jiwané wóng kang kacingkrangan iku kang sêjatiné luwih pêrlu lan wigati, katimbang múng têtulúng marang awaké kang awujúd kêlairan baé. 
MENOLONG BELUM TENTU TERPUJI
(sedekah pada orang yang sedang berduka nestapa itu perbuatan terpuji, yang patut dijadikan tauladan, asalkan pemberian tersebut tidak dibarengi sikap ngedumel yang membuat pudar keikhlasan di hati. Kalimat dan tutur kata yang sopan santun, rendah hati dan melegakan hati itu lebih besar nilainya dari pada sedekah yang tidak ikhlas. Lebih dari itu menolong dan memberi pencerahan jiwa orang yang sedang mengalami musibah sesungguhnya lebih perlu dan penting daripada hanya menolong secara lahiriahnya saja)

Kaidah 32
Ulat sumèh, tindak-tandúk sarèh kinanthènan têmbúng arís iku biså ngruntúhaké ati sartå ngêdóhaké panggódhaning sétan.
Kósókbaliné watak wicårå kang kêras, kêjåbå kêduga gawé tanginíng kanêpsón, ugå gampang nuwúhaké salah panåmpå.
Sabarang prakårå kang sêjatiné bisa putús sarånå arís lan sarèh, kêpêksa dadi adu wulêding kulít lan atósíng balúng, kari si sétan ngguyu ngakak bungah-bungah.

JAGA INTONASI
(Muka ramah, tingkah laku tenang dibarengi ungkapan yang sopan dapat meruntuhkan hati serta menjauhkan godaan setan (hawa nafsu). Sebaliknya watak bicara keras, selain dapat membangkitkan amarah, juga mudah menimbulkan salah pengertian. Setiap perkara yang sesungguhnya bisa selesai dengan sarana kearifan dan ketenangan, terpaksa menjadi “beradu kuatnya kulit dan kerasnya tulang”, tinggal si “setan” katawa terbahak).

Kaidah 33
Wóng kang kulinå uríp mubra-mubru iku samangsané ngalami sandhungan uríp sêthithík baé adaté gampang kêthukulan gagasan lan gawé kang cêngkah karo bêbênêr, luwíh bêgjå wóng kang uripé pokal samadyå nangíng rêsík atiné.
Déné bêgja-bêgjané wóng iku ora kåyå wóng síng tansah uríp ing kahanan kang kêbak godhå rêncånå, prasasat tåpå ånå satêngahíng cobå, nangíng tansah tawêkal lan kandêl kêimanané marang adilíng Pangéran Kang Måhå Kuwåså.  

BERSIH HATI MEMBAWA KEBERUNTUNGAN
(orang yang terbiasa hidup tak kenal aturan itu, sewaktu mengalami sedikit saja kesulitan hidup cenderung tumbuh gagasan dan kerjaan yang melawan peraturan, lebih beruntung orang yang hidupnya biasa-biasa saja namun bersih hatinya. Sedangkan seberuntung-beruntungnya orang seperti itu tidak seperti orang yang selalu hidup dalam keadaan yang penuh kebatilan dan angkara, sama halnya bertapa di tengah-tengah cobaan, namun selalu tawakal dan tebal keimanannya kepada keadilan Tuhan Yang Mahakuasa)

Kaidah 34
Sipaté wóng uríp, iku mêsthi kêsinungan kêkuwatan.
Kang ngêrti biså ngêcakaké, déné kang ora biså ngêrti kurang digladhi, têmahan ora tumanja. Éwåsémono ngêmpakaké kêkuwatan mula ora gampang.
Buktiné ora sêthithík kêkuwatan kang êmpané ora mapan.
Kawruhana, yèn rusaké bêbrayan ing antarané margå såkå pakartiné pårå-pårå kang ngêrti marang dayaníng kêkuwatané nangíng ora kanggo nggayúh gêgayuhan kang mulyå, múng kanggo nuruti dêrênging ati angkårå. 

KELOLA KEKUATAN
(Sifatnya orang hidup itu pasti mendapat anugrah kekuatan. Yang sudah paham bisa mempergunakannya, sebaliknya yang belum bisa mengerti kurang diajari,  maka tidak akan berguna. Namun begitu menggunakan kekuatan tidaklah mudah. Buktinya tidak sedikit kekuatan yang digunakan tidak tepat. Ketahuilah, bila rusaknya kerukunan di antaranya karena watak para-para yang memahami daya kekuatannya, namun tidak dimanfaatkan untuk menggapai cita-cita yang mulia, hanya untuk menuruti dorongan hati angkara)

Kaidah 35
Katrêsnan kang tanpå pangrêksa iku dudu sêjatiníng katrêsnan.
Kênå diarani sêjatiníng katrêsnan kang múng kadêrêng lan kêna ing pangaribawaníng håwå napsu.
Dadi yèn ånå unèn-unèn ” trêsnå iku wutå” yaiku síng kaprabawan håwå napsu.
Síng prayogå iku mêsthiné kudu ngugêmi unèn-unèn “trêsnå iku rumêkså” biså salaras tumindaké.
Rasaníng katrêsnan kang cêdhak dhéwé tumrap sadhêngah manungså iku dumunúng ing awaké dhéwé.
Mulå såpå kang trêsnå marang sapådhå-pådhå iku aran trêsnå marang awaké dhéwé, tundhóné såpå kang tansah ngrêkså marang karahayóníng liyan, ora bédå karo pangrêkså marang kêslamêtané dhéwé.

HAKEKAT CINTA
(Cinta kasih tidak disertai sikap merawat dan menjaga bukanlah sesungguhnya cinta kasih. Dapat disebut cinta kasih yang hanya menuruti hawa nafsu. Terdapat kalimat “cinta itu buta” yakni cinta yang tercemar hawa nafsu. Idealnya harus  memegang pepatah “cinta itu memelihara” dapat sejalan dengan tindakan nyata. Rasa cinta yang paling dekat bagi manusia itu terletak dalam dirinya sendiri. Maka, barang siapa yang cinta kepada sesama itu sama halnya cinta pada diri sendiri, artinya siapa yang selalu menjaga dan memelihara keselamatan sesama, sesungguhnya menjaga keselamatan diri sendiri).

Kaidah 36
Srawúng ing madyaning bêbrayan iku kêjåbå kudu wasís milíh papan lan êmpan, ugå kudu bisa angón mångså lan mulat ing sêmu.
Åjå nggêgampang ngrójóngi rêmbúg kang kowé dhéwé durúng ngrêti prakarané.
Rêmbúg sêthithík nanging mranani iku nudúhaké bóbótíng pribadi.
Rêmbúg akèh nangíng ampang malah gawé sånggå rungginé síng pådhå ngrugókaké kêpårå njuwarèhi. 

BAGAIMANA CARA MENCAMPURI URUSAN ORANG LAIN
(Bergaul dalam bermasyarakat selain harus pandai memilih tempat dan suasana, juga pandai menempatkan waktu dan mawas diri. Jangan menggampangkan mencampuri urusan orang lain sementara kamu sendiri belum mengerti permasalahannya. Lebih baik, bicara sedikit namun mengenai sasaran, itu menunjukkan kualitas pribadi. Pendapat yang panjang lebar tetapi tidak berbobot justru membuat bingung yang mendengar bahkan dapat menjemukan)

Kaidah 37
Wóng kang wís têkan pêsthiné utåwå wis katimbalan bali mênyang jaman kêlanggêngan iku sêjatiné lagi kênå diwènèhi biji tumrap ajiné kamanungsané lan pakartiné nalikå uríp. Déné wóng kang isíh pådhå uríp iku pêrlu disêmak baé dhisík, durúng kênå dipatrapi biji, jêr kahanané isih bisa owah gingsír.
Sarèhné manungså iki sawijiníng titah kang luhúr dhéwé, mulå wís samêsthiné yèn kitå åjå nganti kayadéné sato kang patiné múng ninggal têngêr lulang lan balúng baé.
Nangíng bisowå kita nanjakaké uríp kitå marang pakarti-pakarti utåmå, sumrambahé marang karahayóning uríp bêbrayan.

BAGAIMANA HARUS MENILAI ORANG
(Bila ajal telah tiba, atau sudah “dipanggil” Tuhan kembali ke zaman keabadian, sesungguhnya baru dapat diberikan nilai kemanusiaan dan perbuatannya sewaktu hidup di dunia. Sedangkan orang-orang yang masih hidup sebaiknya disimak dulu saja, karena belum dapat dinilai, sebab keadaannya masih dapat berubah-ubah. Walaupun kodrat manusia merupakan makhluk yang paling mulia, maka sudah seharusnya kita menjaga jangan sampai seperti binatang, kematiannya hanya meninggalkan bekas kulit dan tulang saja. Namun kita harus berupaya memanfaatkan hidup untuk kelangsungan hidup bermasyarakat).

Kaidah 38
Mustikané wóng tuwå marang anak múng ånå ing laku kang gumati, gunêm kang rurúh, lan ujar kang manís.
Gumatiné dumunúng ing têpå tuladhaníng tingkah laku.
Gunêm lan ujar kawêngku ånå ing ucap kang istingarah numusi kajiwan, lan luhuríng budi pêkêrti.
Mula yèn ånå åpå-åpå, åjå sêlak marang sêbutíng paribasan : “Ora ånå kacang ninggal lanjaran”.

APA YANG PALING BERNILAI PADA DIRI ORANG TUA
(Mustika orang tua kepada anak berupa perilaku sayang kepada anak, kalimat yang menentramkan, tutur kata yang manis. Kasih sayang yang terletak pada perilaku yang utama, menjadi suritauladan. Kalimat dan tutur kata terletak pada ucapan yang menentramkan hati, merasuk mencerahkan ke dalam jiwa, serta dengan keluhuran budi pekerti. Oleh sebab itu, bila terjadi apa-apa yang tidak diharapkan, jangan keburu menyatakan “ora ono kacang ninggal lanjaran” atau tidak ada anak yang tidak meniru orang tuanya).

Kaidah 39
Nanggapi kahanan urip ing satêngahíng bêbrayan iku gampang angèl.
Aran angèl kêpårå malah bisa gawé kêtliwênging pikír samångså anggón kita mawas kêdhisikan kagubêl ing håwå.
Aran gampang yèn kita biså mikír klawan wêníng lan mênêb.
Iyå pamikír kang mênêb iku kang aran akal budi sêjati.
Kang bisa mbabaraké wóhíng wawasan kang mulús rêsík, ora kacampúran blêntóngé “si aku”.
Apamanèh yèn tå kitå biså têtêp nguwasani wêningíng pikír, nadyan kahanané uríp ing satêngahing bêbrayan kisruhå dikåyångåpå, istingarah ora angèl anggón kita nanggapi. 

KEHENINGAN FIKIR
(Menaggapi kehidupan di tengah pergaulan masyarakat itu gampang-gampang susah. Susahnya karena dapat mebuat fikiran keblinger apabila dalam membangun sikap mawas diri sudah terbalut hawa nafsu. Mudahnya, apabila kita mampu berfikir dengan jernih dan menahan diri (mengendapkan emosi). Menahan diri merupakan akal budi sejati. Yang dapat menjabarkan buah dari wawasan yang bersih tanpa cacat, maksudnya tidak tercemar oleh noda ke-aku-an. Apalagi bila kita teguh menguasai kebeningan fikir, walaupun kehidupan bermasyarakat terjadi kekacauan, maka tidaklah sulit kita mensikapinya).

Kaidah 40
Srêngên marang wóng mono åjå nganti kênêmênên lan kêliwat-liwat múng margå wis ngêrti yèn wóng mau ora bakal wani nglawan utåwå wís ora biså nglawan, síng èstiné múng arêp ngêdír-êdíraké drajad pangkat utåwå kadibyané baé.
Pakarti kaya ngono mau kêjåbå klêbu ambêg siyå, ugå wóng síng disrêngêni durúng karuwan bakal dadi bêcík, kêpårå bisa nuwúhaké råså sêngít.
Kang prayogå iku srêngên samadyå kang mêngku pitutúr murih bêciké.  

KEMARAHAN YANG BENAR DAN TEPAT
(Marah kepada seseorang jangan sampai keterlaluan dan kelewatan, hanya karena seseorang itu tidak bakal berani atau sudah tidak mampu melawan, padahal hanya karena mentang-mentang mendapat derajat pangkat yang tinggi saja. Tabiat seperti itu selain watak aniaya, begitupun orang yang dimarahi belum tentu menjadi baik, justru memungkinkan  tumbuhnya rasa benci. Seyogyanya jika marah yang sewajarnya saja yang berisi nasehat supaya menjadi baik).

Kaidah 41
Wóng pintêr kang ora kinanthènan ing kautaman iku ora bédå karo wóng wutå kang nggåwå óbór ing wayah bêngi.
Madhangi wóng liyå nangíng dhèwèké dhéwé lakuné kêsasar-sasar.
Kapintêran mangkéné iki yèn tå dicakaké ing madyaning bêbrayan bakal nuwúhaké kapitunan, pikolèhé malah múng wujúd kasangsaran lan karusakan.

KEUTAMAAN BUDIPEKERTI ADALAH TIANG ILMU
(Orang yang pandai tetapi tidak disertai keutamaan perilaku dan budi pekerti, tidaklah berbeda dengan orang buta yang membawa obor di malam hari. Menjadi penerang orang lain, tetapi perilaku dirinya sendiri malah tersesat-sesat. Kepandaian semacam ini bila diterapkan di tengah kehidupan bermasyarakat akan menimbulkan kerugian, yang didapat hanyalah kesengsaraan dan kerusakan).

Kaidah 42
Síng såpå ngidham kaluhuran kudu wani kúrban lan ora wêgah ing kangèlan.
Mêrgå yèn tansah tidhå-tidhå, mokal åpå sing kagayúh bisa digånthå lan tangèh lamún åpå síng diluru bisa kêtêmu.
Makarti wani rêkåså kanthi masrahaké urip lan jiwå rågå marang Kang Múrbèng Kuwåså.
Yèn kêpingín mênang pancèn larang patukóné, yaiku kudu bisa nuhóni sêsanti: “Surå dirå jayaníngrat lêbúr déníng pangastuti”.

KEMENANGAN ITU MAHAL HARGANYA
(Barang siapa gemar keluhuran budi harus berani berkorban dan tidak enggan melewati kesulitan. Karena bila ragu-ragu, tidaklah mungkin apa yang diharapkan dapat terwujud, dan mustahil apa yang dicari bisa ketemu. Berani bekerja keras dengan dengan berserah diri jiwa dan raga kepada Tuhan Yang Mahakuasa. Bila ingin menang memang mahal harganya, yakni harus dapat mematuhi peribahasa; “sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”)

Kaidah 43
Isíh bêjå yèn kowé diunèkaké “Ora Lumrah Uwóng”, jalaran isíh dianggêp manungså.
Yå múng solah tingkahmu kang kudu kók owahi amríh ora gawé sêrikíng liyan.
Cilakané yèn diunèkaké “Ora Lumrah Manungså”, jalaran kowé dianggêp sétan gêntayangan síng múng dadi lêlêthêging jagad margå pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan.
Mula énggal-énggala sumujudå marang Gusti Kang Múrbèng Dumadi.
Sifaté Gústi Allah mono sarwå wêlas asíh marang umaté kang wís sadhar marang doså-dosané sartå têmên-têmên bali tuhu marang dhawúh-dhawuhé. 

MANUSIA TAK LAZIM
(Masih beruntung bila kamu dibilang “tidak lazimnya orang” sebab berarti masih danggap manusia. Hanya saja polah tingkah mu yang harus dirubah, agar tidak menimbulkan iri hati orang lain. Celakanya bila kamu dibilang “tidak lazimnya manusia” sebab kamu dianggap setan gentayangan yang mengotori jagad karena watakmu yang meninggalkan sifat kemanusiaan. Maka dari itu, segeralah bersujud kepada Tuhan Maha Pencipta.

Kaidah 44
Ora ånå pênggawé luwíh déníng múlya kêjåbå dêdånå síng ugå atêgês mbiyantu nyampêti kêkuranganing kabutuhané liyan.
Dêdånå marang sapêpådhå iku atêgês ugå mitulungi awaké dhéwé nglêlantih marang råså lilå lêgåwå kang ugå atêgês angabêkti marang Pangéran Kang Måhå Wikan.
Pancèn pangabêkti mono wís aran pasrah, dadi kitå ora ngajab marang baliné sumbangsih kang kitå asúngaké.
Kabèh iku síng kagungan múng Pangéran Kang Måhå Kuwåså, kitå ora wênang ngajab wóhíng pangabêkti kanggo kitå dhéwé.
Nindakaké kabêcikan kanthi dêdånå kita pancèn wajíb, nanging ngundhúh wóhíng kautaman kitå ora wênang.

HAKEKAT SEDEKAH
(Tiada perbuatan lebih mulia selain sedekah yang berarti membantu memenuhi kebutuhan orang lain. Sedekah kepada sesama berarti juga menolong diri sendiri, melatih diri merasa ikhlas dan lapang dada, yang berarti mengabdi kepada Tuhan Yang Maha Mengetahui. Mengabdi sama halnya dengan pasrah, kita tidak mengharap imbal-balik atas apa yang kita berikan. Semua itu yang punya hanyalah Tuhan Yang Mahakuasa. Kita tidak berhak berharap buah dari pengabdian untuk diri kita sendiri. Melakukan kebaikan dengan cara berderma (sedekah) adalah wajib, tetapi mengharap menuai  buah dari kebaikan, kita tidaklah berwenang).

Kaidah 45
Mêmitran pasêduluran nganti jêjodhowan kuwi yèn siji lan sijiné biså êmóng-kinêmóng, istingarah biså sêmpulúr bêcík. Yèn ånå padudón sêpisan pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi rakêtíng sêsambungan. Nangíng suwaliké yèn pådhå angèl ngênggóni sifat êmóng-kinêmóng mau gênah långkå langgêngé, malah bédaníng panêmu sithík baé biså marakaké dhahuru. 

KIAT KELANGSUNGAN RUMAH TANGGA
(Hubungan persaudaraan hingga berjodoh itu bila satu sama lainnya dapat saling membimbing, ikhtiyar dapat membangun kebaikan. Bila sekali dua kali terjadi pertengkaran itu masih lumrah, dapat menambah eratnya hubungan. Namun sebaliknya bila tak mampu membangun sikap saling membimbing maka jarang akan berlangsung selamanya. Malah, perbedaan sedikit saja akan menjadi sumber malapetaka).

Kaidah 46
Wóng kang ora naté nandhang prihatin ora bakal kasinungan råså pangråså kang njalari têkané råså trênyúh lan wêlas lahír batiné.
Wóng kang wís naté kêtaman ing prihatin luwíh biså ngrasakaké pênandhangé wóng liya. Mulå adhakané luwíh gêlêm awèh pitulungan marang kang kasusahan. 

PRIHATIN MEMBANGUN SENSE OF HUMAN
(Orang yang tak pernah prihatin tidak akan terpilih menerima anugrah ketajaman perasaan yang menumbuhkan perasaan haru dan belas kasih lahir batin. Orang yang pernah menjalani prihatin lebih mampu merasakan penderitaan orang lain (empati). Biasanya mereka lebih peduli untuk memberikan pertolongan kepada orang-orang yang kesusahan).

Kaidah 47
Sarupaníng wêwadi sing ålå lan sing bêcík, yèn isíh kók gémból lan mbók kêkêt kanthi rêmít ing ati salawasé isih bakal têtêp dadi batúr.
Nangíng yèn wís mbók kétókaké sathithík baé bakal dadi bêndaramu.
Isíh lagi nyimpên wêwadiné dhéwé baé wís abót.
Åpå manèh yèn nganti pinracåyå nggêgêm wêwadiné liyan.
Mulå såkå iku åjå sók dhêmên kêpingín mêruhi wêwadiné liyan.
Síng wís cêthå múng bakal nambahi sanggan síng sêjatiné dudu wajíbmu mèlu opèn-opèn.

BANYAK CARA MENUAI MASALAH
(Berbagai macam rahasia baik maupun buruk, bila masih kamu simpan rapat di dalam hati, selamanya masih akan tetap menjadi budak. Bila sudah kamu perlihatkan sedikit saja akan menjadi tuanmu. Menyimpan rahasia sendiri saja sudah berat. Apalagi bila sampai dipercaya menggenggam rahasia orang lain. Maka dari itu janganlah suka ingin mengetahui  rahasia orang lain. Sudah jelas, hanya akan menambah beban yang sesungguhnya bukan kewajibanmu ikut-ikutan).

Kaidah 48
Sók såpåå bakal nduwèni råså kúrmat marang wóng kang tansah katón bingar lan padhang polatané, nadyan tå wóng mau nêmbé baé nandhang susah utåwå nêmóni pêpalang ing panguripané.
Kósókbaliné, wóng kang tansah katón suntrút kêrêp nggrundêl lan grênêngan mêrgå ora katêkan sêdyané iku cêthå bakal kóncatan kêkuwataníng batín lan tênagané, tangèh lamún éntukå pitulungan, kêpårå malah dadi sêsirikaníng mitra karuhé.

BERWAJAH RIANG SEKALIPUN SEDANG MENDERITA
(Siapapun akan merasa hormat, kepada orang yang selalu tampak riang gembira, meskipun orang itu baru mengalami kesusahan dan kesulitan dalam hidupnya. Sebaliknya orang yang selalu tampak kusut suka ngedumel dan sering ngomel karena keinginannya tak terwujud, itu jelas kekuatan batinnya dan tenaganya bakal sirna. Mustahil dapat pertolongan, terkadang malah jadi orang yang dibenci sekalipun oleh kerabatnya).

Kaidah 49
Kitå iki diparingi cangkêm siji lan kupíng loro déníng Kang Måhå Kuwåså, liré mêngku karêp amríh kitå iki kudu luwíh akèh ngrungókaké katimbang micårå.
Yêktiné wóng kang dhêmên ngumbar cangkêmé tinimbang kupingé iku adaté wicarané gabúg.
Suwaliké síng akèh ngrungókaké, wicarané sêthithík nangíng patitís lan mêntês.
Pantês dadi jujugané sadhêngah wóng kang mbutúhaké rêmbúg kang prayogå.  

SILAHKAN; MAU BANYAK MENDENGAR ATAU BANYAK BICARA
(Kita diberi satu mulut, dua telinga, oleh Tuhan Mahakuasa. Maknanya, kita harus lebih banyak mendengarkan ketimbang bicara. Sesungguhnya orang yang gemar mengumbar mulutnya ketimbang telinganya, seperti itulah watak orang yang bicaranya tak berisi. Sebaliknya, yang banyak mendengarkan, biasanya bicara sedikit namun tepat dan berbobot. Pantas menjadi tempat tujuan orang-orang yang membutuhkan nasehat (petunjuk) yang baik). 

Kaidah 50
Wóng kang tansah dhêmên ngupíng kêpingín wêrúh, åpådéné nyampuri pêrkarané liyan, gêdhéné nganti nrambul urún ucap, iku pådhå karo golèk-golèk mómótan kang sêjatiné ora prêlu, adhakané kêpårå malah ngrêridhu awaké dhéwé.  

PENYEBAB KEKALUTAN DIRI
(Orang yang selalu gemar menyadap ingin tahu, begitupula mencampuri perkara orang lain, hingga sampai ikut-ikutan berujar, hal itu seumpama mencari-cari muatan yang sesungguhnya tidak perlu, biasanya justru membuat kalut dirinya sendiri)

Kaidah 51
Ucap sakêcap kang kêlaír tanpå pinikír kêrêp baé nuwúhaké drêdah lan bilahi.
Mula wêtuné têmbúng satêmbúng såkå lésan iku prayogå tan udinên aja nganti nggêpók prêkarané wóng liyå, gêdhéné nganti gawé sérikíng liyan. Biså nyandhêt uculé pangucap kåyå mangkono mau wís klêbu éwóníng pakarti kang utåmå.
Nangíng généyå kók ora sabên wóng biså nglakóni ?

MULUTMU, HARIMAUMU
(Sepatah kata yang terucap tanpa dipikir lebih dulu, sering menimbulkan perpecahan dan celaka. Maka, keluarnya kalimat dalam sepatah dua patah kata dari mulut seyogyanya diupayakan jangan sampai menyinggung perkara orang lain, terlebih lagi membuat sakit hati orang lain. Sikap mampu mengendapkan kalimat dan tutur kata yang tidak baik, termasuk budi-pekerti yang mulia. Namun begitu, mengapa tidak setiap orang mau melakukannya?)

Kaidah 52
Wóng iku yèn wís kasókan kabêcikan lan rumangsa kapotangan budi, ing sakèhíng pakartiné lumrahé banjúr ora kêncêng lan rêsík.
Mulané tangèh lamún yèn biså njågå jêjêgíng adíl, awít lésané kasumpêtan, mripaté bêrêng, kupingé budhêg. Atiné dadi mati, angèl wêrúh ing bêbênêr.
Mulå såkå iku åjå gumampang nåmpå kabêcikané liyan, samångså tujuwané ngarah marang pênggawé kang nalisír såkå bêbênêr. 

HATI-HATI MENERIMA KEBAIKAN ORANG
(Orang itu bila sudah berhasil menerima kebaikan dan merasa berhutang budi, wataknya di kemudian hari bisa berubah, menjadi tidak teguh dan bersih. Sehingga tak mampu menjaga tegaknya keadilan, sebab mulutnya tersumbat, matanya rabun, telinganya tuli. Hatinya menjadi mati, sulit melihat kebenaran. Maka dari itu jangan mudah menerima kebaikan orang, bila tujuannya mengarah pada perbuatan yang keluar dari kaidah kebenaran).

Kaidah 53
Åjå kasêlak kêsusu nyêpèlèkaké liyan, margå kók anggêp wóng mau bodho.
Awít ånå kalamangsané kowé mbutúhaké rémbúg lan pituturé wóng iku, síng kanyatané biså mbéngkas lan nguwalaké såkå karuwêtanmu.
Pancèn ing sawijiné bab wóng biså kaaran bodho, nangíng ing babagan liya tangèh lamún yèn kowé biså nandhingi. 

HATI-HATI, TAK ADA KEBODOHAN UNIVERSAL
(jangan keburu meremehkan orang lain, (hanya) karena orang itu kamu anggap bodoh. Sebab ada kalanya kamu membutuhkan jasa dan nasehat orang itu, yang kenyataannya dapat menyelesaikan dan mengatasi masalahmu. Memang dalam suatu hal seseorang dapat dianggap bodoh, tetapi di lain hal tak  mungkin anda dapat menandinginya).

Kaidah 54
Yèn micårå åjå gumampang nêlakaké pênacad utawa pangalêm, luwíh-luwíh nganti mêmaóni.
Awít wicaramu durúng karuwan bênêr.
Síng mêsthi panacad mau gawé sêrík, pangalêmé nuwúhaké wiså, déné waónané ora digugu, kabèh swårå ålå.
Mulå kang prayogå iku múng mênêng, jalaran mênêng iku yêktiné pancèn mustikaníng ngauríp.

SILAHKAN PILIH; BANYAK OMONG ATAU DIAM
(Jika bicara jangan mudah mencela dan menyanjung orang, apalagi sampai nasehat menggurui. Karena ucapanmu belum tentu benar adanya. Yang pasti, pencelaan berakibat sakit hati, dan sanjungan dapat menimbulkan bisa (racun), bila  nasehat tidak dihiraukan, semua suara menjadi buruk. Maka idealnya lebih baik diam, karena diam itu sesungguhnya  mustika kehidupan)

Kaidah 55
Udinên ing alam donya iki åjå ånå wóng kang kók sêngiti, supaya ora ånå wóng sêngít marang kowé, balík sabiså-biså pådhå trêsnanånå.
Amargå lêlakón ing alam donya iki anané múng walês-winalês baé.
Déné yèn kêpêkså kowé sêngít marang sawijiníng wóng, mångkå kowé ora biså mbuwang sêngítmu, gawénên wadi åjå ånå wóng kang ngêrti.
Yèn kowé ngandhakaké sêngítmu marang liyan, prasasat kowé mamèraké alané atimu.

“ADAB” MEMBENCI ORANG LAIN
(Berupayalah selalu, agar jangan ada orang yang kamu benci, supaya tidak ada orang yang membencimu, sebaliknya sedapat mungkin sayangilah sesama. Karena kejadian buruk di dunia ini adanya dari saling balas membalas. Bila terpaksa kamu membenci seseorang, dan kamu tidak bisa menghilangkan rasa bencimu, rahasiakan agar tidak ada orang lain yang tahu. Bila kamu menceritakan kebencianmu pada orang lain, justru kamu membeberkan kejahatan hatimu)

Kaidah 56
Ajiníng dhiri ånå ing lati.
Ajiníng rågå ånå ing busånå.
Mula dèn ngati-ati ing pangucapmu, sêmono ugå anggónmu ngadi busånå kang bisa mapanaké dhiri.

DI MANAKAH LETAK HARGA DIRI
(Harga diri letaknya ada di mulut. Berharganya raga tergantung oleh busananya. Maka, berhati-hatilah dalam bertutur kata, begitu pula dalam hal cara berpakaian, dapatlah menghargai diri sendiri)


Kaidah 57
Wóng pintêr kang isih gêlêm njalúk rêmbugíng liyan iku dianggêp manungsa utúh.
Såpå síng rumangsa pintêr banjúr suthík njaluk rêmbuging liyan kuwi manungsa sêtêngah wutúh.
Lan síng såpå ora gêlêm njalúk rêmbugíng liyan, iku bisa kinaranan babar pisan durúng manungså.

SYARAT MENJADI MANUSIA
(Orang pandai yang masih bersedia meminta pendapat orang lain itu dianggap manusia utuh. Siapa yang merasa sudah pandai kemudian enggan minta pendapat orang lain, itu manusia setengah utuh. Dan siapa yang tidak bersedia minta pendapat orang lain, dapat disebut sama sekali belum (jadi) manusia).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar