Rabu, 16 Desember 2009

ELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUK MATUK DADI ORA KUMETAK TUTUK TINUTUR

PRASEMON KAWRUH KASAMPURNAN

oleh Mas Kumitir

ELMU PANGOTAK ATIK SUPAYA GATUK
MATUK DADI ORA KUMETAK TUTUK TINUTUR

 

Ular-ular setitik saka nonton wayang. Dene bab wayang iku saka yasane Kanjeng Sunan Kalijaga, minangka prasemon-prasemon kawruh kasampurnan, kang dikibar-kibarake kongsi tumeka saiki kang dadi kembang lambe para satriya kang ulah kebatinan.
Mungguh saka penemune penganggit, wayang iku digambar miring iku ngemu prasemon, tegese ana utawa ora, dene wayang iku dadi conto-conto piwulang kawruh lahir lan kebatinan, dene kang dadi Dalang, biyene ya Kanjeng Sunan Kalijaga dewe dek isih wayang beber, ginambar ana ing mori, yen ngudal piwulang kanti ditudingi nganggo tuding, saya suwe saya diapikake, digawe nganggo kulite kayu, banjur sakpiturute.
Dene Dalang iku tegese ngudal piwulang kang arep ilang, utawa ngudal piwulang supaya ora ilang.
Bab wayang iku minangka prasemone (pralambang) Jagad Gede, lan uga prasemone Ngelmu kajaten, saiki tak jupuk prasemone Ngelmu.
1. Kang duwe gawe iku kang minangka ibarate kang Kuwasa, ibarate arep nganakake Jagad, dene dalang kang minangka dadi utusane, kang Kuwasa nyekel komando, lan uga mobah lan musiking wayang pinurba wasesa dening Ki Dalang, semono uga Ki Dalang ora kena nggugu sak karsane dewe, ya kudu manut lakone si wayang. Ya wayang iku diarani ora bisa obah, lan ora bisa musik, ora duwe daya lan ora duwe kekuwatan, yen ora dikersakake Dalang, cara Arabe : La khaola wala kuwata illa bilahil alaiyul adhim, ya iku ibarate raga wadag, ya awak-awakaning manungsa, kang diwayang-wayangake dening pikiran (angen-angen). Dadi Dalang tegese : angen-angen pikiraning manungsa. Wayang tegese raga wadag awak-awakaning manungsa.
2. “Wayang” yen wis entek (tutug) lelakone, iku banjur dilebokake kotak, arep dibuang utawa dicemplungake kali ya kena, dene dirukti dibuntel mori, digawekake luangan digawa menyang kuburan, iku amrih kautaman, iku kaprahe Jaman, iku sejatine mung kurungan, dene isine Roh (manuke) wis njepot, sak paran-paran nanging sira aja kapusan, goleka guru kang temenan kang tumuju ing kasampurnan aja seneng yen mung ngumbar kamurkan, iku ing tembe bisa salah ing kedadiyan, mulane sakabehing bangsa pada duwe tuntunan amrih bisa kautaman.
3. “Dalang” tegese angen-angen (pikiran) kang ngobahake awak-awakan kita, yen wis rampung anggone mayangake. Dalang tan kena diganduli wis mesti kudu mulih menyang asale ya panggonane dewe. Kang nonton nuli ngucap; asal saka ora ana, ya bali ora ana; cara Arabe Innalillahi waina illaihi rojiun, asal sepi banjur rame-rame surak bareng Rohe (manuke) njepot banjur sepi nyenyet tanpa aji, sebab keteg kunge wis ilang wis ora bisa kumlungkung umuk-umukan ngaku wong agung, pari basan : ciri wanci sayekti ginawa mati, goleka sucining ati. Dene Dalang yen nglakokake wayang digawe kasar (nasar) iku bakal dinukan, marang kang Kuwasa, kanggo saksine ongkose disemayani, tegese diadohi ing sandang lan pangane. Semono uga angen-angen (pikiran) ngawa awak-awakan raga wadag digawa nang Penasaran saru (nasar) nang kapialan, wekasane si awak enggal rusak banjur dilebokake kotak, mula wong jaman saiki umure cendak, jalaran tansah rungsang-rungsang ora kepenak, mula yen mayang-mayangake awak kang tata titi tatas lan ngati-ati, dadi wayange (raga) ora enggal rusak (bodol), dene Ki Dalang mayangake wayange, tapi dalange sok ora dikaton-katonake, iku kena diarani ngilang-ilangake jasane Ki Dalang. Mula tontonan wayang iku yen di grayang dadi piwulang, kanggone wanita lan priya.
4. “Kelir” minangka warana (wates) aling-alingane Dalan lan kang Kuwasa, mula ora bisa ketemu, yen anggone mayang durung rampung. Ya iku kang diarani cepak datanpa senggolan yen adoh datanpa wangenan. Dene kang ana sakjerone kelir iku kang minangka badan alus, tegese badan becik, iku bisa weruh kang ana ing sak njabaning kelir, iku gambare kita yen lagi susah kadang-kadang ngimpi ditemoni leluhur kita. Dene yen tindak kurang sesrawungan utawa jahat teka lakune nyebal saka penggawe becik, iku kang mesti ora bisa oleh ulem-ulem, semono uga ing besukyen tuwa. Mula ambagusnaho ing atinira, kulawarga tetulunga, ing sanak lan tangga, kang lagi nandang sangsara, lan kepetengan nalar, ganjarane (batene) ing tembe bisa kaparingan ulem-ulem ora kaget lan bingung ora wedi sak mangsa tumeka ing janji, mula kudu Nga-Ji tegese anutupi babahan nawa sanga, angesti sawiji, sedakep sluku tunggal. (Nga-Ji barang 9 diaji-aji).
5. “Blencong” ateges pepadang (srengenge) ya pepadange dalang kang minongka pkiran kang tumus saka ati, iku tujokna marang pepadange ing sapada-pada tumitah disik, amrih bisa metu soroting cahya, yaiku kang dijenengake metu nure, utawa kang tansah ngresepake (merak ati), yen atine peteng rubes ngenes, iku ora duwe cahya marcahya, kembuk-kembuk, pucet iku martandani kaoncatan ing pepadang (blencong) yaiku nyandak-nyandak tuna nggayu-nggayuh runtuh, iku banjur kepetengan karep iku ingkang diibaratake jahanam iku adate ewa cuwa gela, marga wis ilang piyandele, iku marga keilangan pepadang, dadi anggonira mayangake awak-awakan kesasar sasar nasar, pungkasane kecemplung ing jurang kasangsaran, tansah kalebon setan kang ajak ora aman, tumrap marang sesrawungan, mula kang “pada tukar pengalaman”.
Mula iku yen lali den eling-elingake, ungalna blencong pepadang banjur bisa nimbang ala lan becike ing awake dewe sing saya suwe saya padang, ing tembe bakal metu cahyane utawa nure, yaiku kang diarani Nur Muhammad tegese kang pinuji yen Jawane diarani Maha Yana, tegese Maha iku luwih puji, Yana iku angen-angening manungsa, kang wis bisa tumindak ing kebagusan, yen Brahmana tegese Pana Raga Brahma tegese Raga, Na tegese Pana tegese Pan Pepadang. Mula aja sok nacad kae ala aku becik tur suci. Yen durung ngerti pait lan getire, lan durung meguru kang kanti tatas buntas. Dene manungsa kang bagus atine iku bisa metu Nure (cahyane) dadi sing sapa ndulu gede cilik lanang lan wadon teka welas teka asih, asih saking polah tingkah kang ngalah plalah, iku lagi katekan begja, banjur katekan pinter, nuli cukup.
“Y O G A”
Gamelan tinabuh “YOGA” tegese anak, tegese kadang, tegese isen-isening manungsa iku ana 17 Yoga, dene lambang Indonesia Garuda ana 17 ler wulu, dicundukake ing Islam ana 17 rakaat iku ana sak jabane wangon, kang ana sak jrone wangon, kang nabuh ana kuwasane dewe-dewe iku kang agawe suwara lan mobah polah, mula aja ngaku-aku pinter.
Dene kotakan (ndondangan) kang ganep 30 kotak pelog slendro, lahir batin genepe tulisan Arab ana 30, yen aksara Jawa ana 30 kara aksara murda, ya tulisane wis ana ing awake dewe, alip tegese Ha, tegese Irung (dalan urip). Mula watake satriya tanah Jawa yen kapengkok ing panca baya mbanjur dipépét utawa ditaling-tarung kamurkane, tegese tapa, tegese madang long-longan turu long-longan, cegah dahar lawan sare, tegese Pos-so, tgese ngeposake roso.
Dene wilahane gamelan kang genep ana 144 wilahan. Yaga kang dadi kumandone ana 4 wujud, iku kang tansah njaga lan ngreksa, kang dadi keslametane Ki Dalang, supaya aja kongsi sasar-susur kesasar-sasar. Mula iku para manungsa kabeh, lali-lali den elingake, elinga marang kang paring gesang, ye reroncen kang ana ing awake dewe, ya ibarate uba rampe Dalng, supaya katrima marang kang ana ing sajroning kelir. Yen Jawane kang diarani wijange sipat 20 direksa ing malaekat 144, tegese isen-isening jenjem dina lan pasaran 144 ana kuwasane dewe-dewe.
Sumber : Buku We Yoga Dhi (ayo pada diudi, yen digugu dadi Yoga kang Adhi).
————————————
Alang Alang Kumitir


Tidak ada komentar:

Poskan Komentar