Kamis, 10 Desember 2009

Buat bulan tanggal 15

MANGAJAPA
Hanacaraka
Abyoring ati wanodya
__________________
Dak etung : siji, loro, telu, papat
Dak para : setengah lan seprapat
Kanggo njangkepi lelakon kang durung tamat
_________________________________
Aku tan nggumun
Aku tan yungyun
______________
Esemu minangka tembung sinandhi
Saka petungan siji mbaka siji
Japamu minangka donga
Saka pocapan susastra
_________________
Tulisan iki minangka cathetan pungkasan
Tan kababar ing pakeliran
Tulisan iki minangka cathetan pungkasan
Kanggo sangu ing sangkan paran
_________________________
Sliramu kang wus cinathet linuwih
Aja nggumun ing beninge warih
Aja gigrig ing tumetese getih
_____________________
Mangajapa
Mangajapa
Lelorone padha kuwasa
Ing purwaka lan ing wasana

1 komentar:

  1. Kula nuwun...
    saderengipun kula matur, kula nyuwun pangapunten,
    ehm, kula inkang damel geguritan Mangajapa I saha Mangajapa II punika.
    kula badhe tanglet, wonten menapa kok geguritan kula panjenengan serat wonten blog-ipun panjenengan? Mbok tulung panjenengan serat sumberipun amargi samenika sanes panjenengan piyambak ingkang damel. kirang etis manawi dipunpenggalih.
    Nuwun

    _javalov_

    BalasHapus